YAKOBUS 1

1Salam saka Yakobus, abdiné Allah sarta Gusti Yésus Kristus, marang taler rolas kang padha sumebar ana ing tanah manca. 2Para Sadulurku, anggepen sawijining kabungahan, menawa kowé padha ketaman pacoban mawarna-warna, 3jalaran kowé padha sumurup, menawa pandadar tumrap pracayamu iku nuwuhaké sabar-mantep. 4Sarta sabar-mantep iku karebèn metokaké woh kang sembada, supaya kowé dadi sampurna lan mateng, sarta ora kekurangan sawiji apa. 5Déné menawa panunggalanmu ana kang kekurangan kawicaksanan, iku nyuwuna marang Allah, kang maringi marang sakèhing wong kanthi loma lan éklas, temah bab iku bakal kaparingaké marang wong mau. 6Mung baé panyuwuné iku kanthia pracaya sarta aja nganggo mangu-mangu, jalaran wong kang mangu-mangu iku padha karo ombaking sagara, kang diontang-antingaké angin mrana-mréné. 7Wong kang mangkono iku aja duwé pangira, menawa bakal nampa apa-apa saka Gusti. 8Jalaran wong kang atiné mangro ora bakal tentrem uripé. 9Sadulur tunggal pracaya kang asor iku mongkoga samangsa kaluhuraké, 10déne wong kang sugih iku mongkoga menawa kaasoraké, jalaran wong iku bakal sirna kaya kembanging suket. 11Sabab sawisé srengéngé mlethèk kalawan panasé kang sumelèt, banjur ngalumaké suket iku, temahan gogrog kembangé, lan ilang kaéndahané. Mangkono uga mungguh wong sugih iya bakal sirna ing sajroné sakèhing pambudidayané. 12Rahayu wong kang tanggon sajroné kena pacoban, jalaran menawa wis katitik tanggon, bakal nampani makuthaning urip, kang wis kaprasetyakaké déning Allah marang wong-wong kang padha tresna marang Panjenengané. 13Menawa ana wong kang kena pacoban aja ngucap mangkéné, "Aku lagi dicoba déning Allah." Jalaran Allah ora kena cinoba déning piala, sarta Panjenengané ora nindakaké panyoba marang sapa baé. 14Nanging saben wong dicoba déning pepénginané dhéwé, jalaran disèrèd sarta dipilut déning pepénginan iku. 15Menawa pepénginan iku wis ngandhut, banjur nglairaké dosa, lan samangsa dosa iku wis katog, bakal nglairaké pati. 16Para Sadulur kang daktresnani, aja padha kesasar! 17Saben peparing kang becik sarta saben ganjaran kang sampurna iku asalé saka ing ngaluhur, katedhakaké saka Ramané sakèhing pepadhang; kagem Panjenengané ora ana owah-owahan utawa gambaran bakal molah-malih. 18Marga saka karsané piyambak, Panjenengané wis nitahaké kita sarana pangandikaning kayektèn, supaya kita padha ana ing tataran kang pinasthi padha dadi putra pambarep ing antarané para titah kabèh. 19Para Sadulur kang daktresnani, élinga marang bab iki: saben wong diénggal menawa ngrungokaké, nanging disarèh ing wicara, mangkono uga disarèh menawa nepsu; 20jalaran nepsuné manungsa iku ora nindakaké apa kang bener ana ing ngarsané Allah. 21Mulané padha buwangen samubarang kang reged sarta piala kang kliwat akèh lan tampanana kanthi sarèh pangandika kang katanem ing atimu, kang kwaos nylametaké nyawamu. 22Nanging padha dadia wong kang nindakaké pangandika, aja mung ngrungokaké baé, jalaran menawa ora mangkono kowé ngapusi awakmu dhéwé. 23Sabab menawa wong mung ngrungokaké baé, mangka ora dilakoni, iku umpamané kaya wong kang lagi maspadakaké rainé kang sanyatané ana ing pangilon. 24Sawusé ndeleng rainé banjur lunga lan nuli lali kaya apa rupané mau. 25Nanging sapa kang nliti angger-angger kang sampurna, yaiku angger-angger kang mardikakaké manungsa, sarta padha diantepi, dadi ora mung ngrungokaké banjur nglalèkaké, nanging nglakoni kanthi temen-temen, iku bakal rahayu marga saka panggawéné iku. 26Saupama ana wong kang rumangsa ngibadah, mangka ora mekak ilaté, iku ngapusi awaké dhéwé, lan pangibadahé tanpa guna. 27Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsané Allah, Rama kita, yaiku mitulungi bocah lola sarta para randha sajroning kasusahané lan njaga supaya awaké dhéwé aja nganti dijemberaké déning donya.

will be added

X\